B. Daerah

Pertanyaan

Opo kang di arani tembaong camboran dalam bahasa jawa

1 Jawaban

  • Tembung camboran tegese loro utawa sing dirangkep dadi siji.

    Tuladha: meja tulis, buku gambar, balung kuwuk, sayuk rukun, narapati.

    Warna-warnane tembung camboran.

    Manut wujudeCamboran tugel, yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung lorosing dirangkep dadi siji kanthi ngurangi jumlah wandane.

    Wujude camboran tugel

    1.Tembung garba (sandi)

    Tuladha: Nara + pati = narpati

    Prapta + ing = prapteng

    Idu + abang = dubang

    Iya + iku = yeku

    Sura + ing = sureng

    Parama + iswari = prameswarI

    2. Kerata basa

    Tuladha: Digugu + ditiru = guru

    Balung + kulit = lunglit

    Gawe + kadang = wedang

    Kaku + cempluk = kupluk

    B. Camboran wutuh, yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging ora nganggo ngurangi jumlah wandane.

    Wujude camboran wutuh:

    1. Rerangken determinatif (DM)

    Tuladha : Meja tulis

    Lemari kaca

    Pager bata

    Pitik walik

    Buku gambar

    2. Baliswara (rerangken MD)

    Tuladha : Pancasila

    Bimaputra

    Wijaya kusuma

    Mahasiswa

    Dwiwarna

    3. Tembung saroja

    Tuladha : Sanak kadang

    Wa sumelang

    Papa cintraka

    Japa mantra

    Lara lapa

    4. Yogyaswara

    Tuladha : Dewa-dewi

    Siswa-siswi

    Putra- putri

    Bathara- bathari

    Pemudha- pemudhi

    5. Tembung kosok balen (Antonim)

    Tuladha : Gedhe x cilik

    Enom x tuwa

    Lanang x wadon

    Mangkat x mulih

    Dawa x cekak

    Dhuwur x cendhek

    2. Manut kekarepane

    A. Cmboran tunggal, yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine wis ora kena dipisah-pisah maneh lan wis nduweni teges anyar.

    Upamane balung iku perangane awak utawa kewan sing atos dhewe. Kuwuk iku kucing alasan ora ana sing ndarbeni. Banjur dirangkep dadi “balung kuwuk” sing tegese criping pohung.

    Tuladha: Randha royal

    Semar mendem

    Nagasari

    Gandarukem

    Daramuluk

    B. Camboran wudar, yaiku tembung camboran sing tembung siji lan sijine isih nduwe teges dhewe-dhewe.

    Tuladha: Meja tulis

    Pelem golek

    Wayang kulit

    Piring beling

Pertanyaan Lainnya