tembung rurabasa yaiku
B. Daerah
exzal1
Pertanyaan
tembung rurabasa yaiku
1 Jawaban
-
1. Jawaban Satriasantoso95
A. Pangerten tembung rurabasa
Tembung rurabasa yaiku tembung sing ajeg panganggone sanajan salah kaprah, nanging menawa dibenerake malah dadi ora lumrah.
B. Tuladhane tembung rurabasa
· Adang sega
Adang beras supaya dadi sega (dudu sega wis mateng didang).
· Mbunteli tempe
Mbunteli kedhele godhog dimomori ragi supaya dadi tempe (dudu tempe sing wis dadi dibunteli).
· Mbatik iket
Mbatik mori supaya dadi iket (dudu iket wis dadi dibatik).
· Menek jeruk
Menek wit jeruk (dudu jeruke sing dipenek).
· Menek klapa
Menek wit klapa (dudu klapane sing dipenek).
· Ndhudhuk sumur
Ndhudhuk lemah digawe sumur (dudu sumur sing wis dadi didhudhuk).
· Negor gedhang
Negor wit gedhang (dudu gedhange sing ditegor).
· Nenun sarung
Nenun benang supaya dadi sarung (dudu sarunge sing ditenun).
· Nggodhog wedang
Nggodhog banyu supaya dadi wedang (dudu wis dadi wedang digodhog).
· Nglinting rokok
Nglinting mbako karo klobot supaya dadi rokok (dudu rokoke sing diklinting).
· Nguleg sambel
Nguleg lombok, uyah, lan trasi digawe sambel (dudu sambel sing wis dadi diuleg).
· Nunggu manuk
Nunggu sawah supaya parine ora dithotholi manuk (dudu manuke sing ditunggoni).